Senin, 04 September 2017

Artikel Bahasa jawa tentang pantai di selatan Tulungagung

Pante gemah menika salah satunggaling objek wisata wonten ing Tulungagung ingkang nyuguhaken kaendahan posena alam kanthi hamparan pasir ingkang resik. Pante Gemah menika salah satunggaling rangkean pante wonten ing kidul Kabupaten Tulungagung. Pante Gemah dumunung wonting ing desa
Keboireng, Kecamatan Besuki. Pante Gemah menika dados Pante ingkang Anyar wonten Tulungagung. Pante Gemah dados salah satunggaling destinasi wiasata ingkang misuwur wonten ing Tulungagung.Kaendahan Pante Gemah menika ndamel kathah biro wisata ingkang nyuguhaken perjalanan wisata, saking Jawa Timur khusus e Tulungagung. Margi ingkang sae ugi dados salah satunggaling alesan ingkang ndadosi Pante Gemah  misuwur namanipun. Fasilitas wonten ing Pante Gemah sampun sae, kados warung-warung alit wonten ing pinggir Pante dalanipun penak amargi lewat JLS.Kula lan panjenengan bilih salah satunggaling masyarakat ingkang manggen wonten ing Tulungagung , kedah saged njaga kasaraharjanipun pariwisata wonten ing Tulungagung, salah satunggaling pante ingkang maneka warna cacahipun

Rabu, 23 Agustus 2017

Tugas Bahasa Jawa

Patilasan Kutha Malang

    Kutha Malang yaiku, salah sijine kutha ing Provinsi Jawa Timur, Indonesia. Kutha iki ana ing dataran kang dhuwur lan hawane lumayan adem. Malang  yaiku kutha paling gedhe nomer loro ing jawa Timur, sauwise Kutha Surabaya. Malang uga diarani “Kutha Pelajar”.

    Asal usul jeneng Kutha Malang dudu dijupuk tekan basa Indonesia kang nduweni makna  “sial utawa nasib ala,” nanging jeneng  “Malang” dijupuk tekan jeneng salah sijine candi kang digawe kuburane para Raja jaman biyen yaiku “Candi Malangkucecwara”.

    “Malangkucecwara” duweni makna “Gusti kang numpes kebathilan utawi keangkaramurkaan lan kang bener menang”.
Malang uga bisa dijupuk saka kata “palang,” ing basa Indonesia palang utawi portal iki fungsine kanggo ngalangi utawa njaga. Dadi amerga iku, Kutha Malang digawe kanggo istilah “Malang Melintang.

Artikel Bahasa jawa tentang pantai di selatan Tulungagung

Pante gemah menika salah satunggaling objek wisata wonten ing Tulungagung ingkang nyuguhaken kaendahan posena alam kanthi hamparan pasir in...