Patilasan Kutha Malang
Kutha Malang yaiku, salah sijine kutha ing Provinsi Jawa Timur, Indonesia. Kutha iki ana ing dataran kang dhuwur lan hawane lumayan adem. Malang yaiku kutha paling gedhe nomer loro ing jawa Timur, sauwise Kutha Surabaya. Malang uga diarani “Kutha Pelajar”.
Asal usul jeneng Kutha Malang dudu dijupuk tekan basa Indonesia kang nduweni makna “sial utawa nasib ala,” nanging jeneng “Malang” dijupuk tekan jeneng salah sijine candi kang digawe kuburane para Raja jaman biyen yaiku “Candi Malangkucecwara”.
“Malangkucecwara” duweni makna “Gusti kang numpes kebathilan utawi keangkaramurkaan lan kang bener menang”.
Malang uga bisa dijupuk saka kata “palang,” ing basa Indonesia palang utawi portal iki fungsine kanggo ngalangi utawa njaga. Dadi amerga iku, Kutha Malang digawe kanggo istilah “Malang Melintang.